
PortalArjunaJatim. Mukidi(10 th) cah Jogya (?) arep lungo, diterke simbokne nyegat bis.
Kernet bis: “Suroboyo, Suroboyo, bu?”.
Simboke Mukidi “Pak tulung nggih, mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani.
Kernet: “nggih bu, tariiiikkk”.
Nang terminal Solo Mukidi takon kernet bis, “Wis cedhak Jombang durung Lik?”.
Kernet: “Durung lee … jik suwe”.
Ora let suwe tekan Sragen, Mukidi takon maneh, “Wis tekan Jombang Lik?”.
Kernet: “Durung Lee ….. jik uuuaduuooohh”.
Mukidi bosen ora tekan-tekan. Akhire keturon. Bis terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wis ngliwati Jombang. Kenek lali pesenane mboke Mukidi. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir, “Duuh kang, aku dosa nang bocah kui, karo nuding Mukidi sing lagi turu nggleser.
Sopir, “Lho kenopo, to?”.
Kernet, “Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono”.
Sopir, “Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh”, Jawab sopire, bingung.
Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan karo penumpang liyane, mergo mesakke karo si Dul. Sak wise bis tekan Jombang, Mukidi digugah.
Kernet, “Lee …tangi lee. Wes tekan Jombang, ki”, karo nggoyang goyang awakke
Mukidi njenggirat, “Wes tekan Jombang lik?”, Karo grusa grusu4 mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.
Kernet takon, “Arep mudhun kene lee..?””Ora Lik….. wong aku arep nang Suroboyo. Mau simbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae yo lee”, jawab Mukidi karo muluk sego.
Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng: “WEDHUUUSS tenan cah iki. tiwase mbaliiik!